Welcome to My Blog,
Follow me and Comment pls!!
Have Fun...

2012/09/20

Pidato Bahasa Jawa (Sesorah)


PIDATO PERPISAHAN SEKOLAH

Ingkang kinurmatan panjenenganipun Bapak Kepala SMP Negeri 4 Surakarta ingkang kula bekteni. Bapak ibu guru saha bapak ibu karyawan ingkang kula bekteni. Bapak ibu wali murid ingkang kula bekteni. Adhik-adhik kelas lan rencang-rencang kelas IX ingkang kula tresnani.
Assalamu’alaikum wr.wb.
Langkung rumiyin, sumonggo kita sedaya sesarengan ngaturaken puja puji syukur dumateng Gusti Allah SWT, Ingkang sampun paring nikmat kesarasan saha kawilujengan dumateng kita sedaya. Sahinggo kita saget sesarengan makempal wonten ing Aula SMP Negeri 4 saperlu ngrawuhi menggal acara perpisahan siswa kelas 9 sapunika
Kula minangka wakil kelas IX, ngaturaken panuwun dumateng bapak ibu guru utaminipun Bapak Kepala Sekolah ingkang sampun nggulawantah kula sakonco selami tigang warsa dangunipun dateng pawiyatan menika.. Hambak bilih sak dangunipun tigang warsa anggen kula sak konco ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan SMP Negeri 4 menika, kathah atur saha tandang tanduk ingkang mboten mranani penggalih bapak ibu guru sedaya, kula sak konco tansah nyuwun pangpunten.
Mboten kesupen kula ngaturaken panuwun dumateng tiyang sepuh kekalih ingkang sampun ndidik saha mbimbing kula sakonco, lan nyuwun pangapunten menawi wonten kelepatan.
Kula sakonco inggih badhe nyuwun pangestunipun supados kula sakonco saget nglebeti pawiyatan enggal ingkang sae ingkang sampun dhados tujuan kula sakonco. Ugi supados kula sakonco saget dados tiyang ingkang migunani kagem keluarga, masyarakat, ugi bahasa lan negara. Sejatosipun kula sakonco kraos awrat sanget kagem nilaraken pawiyatan menika.
Kula inggih gadhah sekedik pesen kagem adek-adek kelas 7 kaliyan 8 supados sinal ingkang sregep sinau supados saget wujudaken cita-cita nipun ugi dados lare ingkang lanthip.
Cekap semanten saking kula minangka kula wakil kelas IX. Mbok bilih wonten klentha klenthuning atur awit saking cupeting pangartosan kula, kula nyuwun pangapunten. Matur Nuwun. Bilahi taufiq walhidayah.
Wassalamu’alaikum wr.wb.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

TOLONG BERI KOMENTAR ANDA, KRN KOMENTAR ANDA SANGAT BERHARGA BAGI SAYA