Welcome to My Blog,
Follow me and Comment pls!!
Have Fun...

2013/10/24

TATA CARA ADAT TEMANTEN JAWI



PAMBIWARA

Bismillahirrohmanirrohim
Assalamu ‘alaikum Wr. Wb,
Alhamulillaahirabbil’aalamiin. Alhamdulillaahilladzii hadaana lihaadzaa, wamaa kunnaa linahtadiyaa laulaa anhadanallah. Asyhadu anlaailaaha illallahu wahdahulaa syariika lahu, wa asyhadu anna Muhammadan ‘abduhuu warasuuluhu laa nabiyya ba’dah.
Dhumateng panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh pinisepuh ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautaman ingkang pantes pinundhi.
Para pangemban pangembating praja satriyaning negari minangka pandam pandoming para
kawula dasih ingkang sinuba ing pakurmatan.
Para sarjana, para sujana sujananing budi ingkang sampun wenang hanampi wahyuning kasutapan ingkang satuhu bagya mulya, nun inggih brayat ageng baraya wira wiyata, baraya wira tamtama, para puma karya labet praja ingkang mahambeg luhuring darma.
Para alim, para ulama ingkang rinten dalu tansah sumandhing kitab suci wahyuning Ilahi minangka panuntun keblating panembah ingkang satuhu luhuring budi.
Panjenenganipun para satya wredha, carana madya, para tamu kakung sumawana putri ingkang pantes nampi pakurmatan satuhu pantes lamunta sinudarsana.
Mradapa awit saking keparengipun Bp A sekalian garwa, kula ingkang kapitedhan sinaraya hambuka wiwaraning suka  pinangka jejering pambiwara, keparenga hangaturaken urut reroncening tata upacara ingkang sampun rinakit, rinancang dening para kulawangsa ingkang tartamtu kewala kaeneraken wonten ing pawiwahan prasaja ing hari kalenggahan punika, nun inggih panjenenganipun  Bp A netebi darmaning asepuh hangrakit sekar cepaka mulya, miwaha siwi mahargya suta. Kanthi raos panalangsa ingkang hamengku karsa nyuwun wonten ngarsanipun Gusti ingkang appearing gesang, miwah nyuwun donga pangestunipun para lenggah, mugi kaleksananing sedya ing hari kalenggahan punika purwa madya wasana tansah pinaringan rahayu wilujeng tebih ing sambekala.
Para rawuh saha para lenggah, sampun dumugi wahyaning mangsa kala binukaning tata upacara. Nun inggih Bapa A sekaliyan garwa, ing ri kalenggahan menika ngawontenaken pahargyan prasaja, kinarya mawantu-wantu nyuwun pandonga saha pangestu para rawuh kakung sumawana putri anggenipun Bapa A sekaliyan hanetepi dharmaning sepuh hangrakit sekar cepaka mulya hamiwaha putra mahargya siwi, tetepa winengku ing suka basuki.
Caos uninga katur dhumateng para lenggah, bilih titi laksana ijab qabul putra pinanganten, nun inggih Rara Ayu ………………. Putra putrinipun Bapa A, ingkang kadhaupaken kaliyan Bagus …………… putra kakungipun Bapa B ingkang lenggah wonten ing …….. (alamat tempat tinggal Bapa B), sampun kaleksanan kanthi wilujeng nir ing rubeda, duk nalika dinteng ……. wanci tabuh….. mapan ing ……………… (KUA atau rumah).
Para tamu kakung sumawana putri, wondene menggah reroncening tata adicara ingkang sampun rinancang rinacik rinumpaka dening para kulawangsa nun inggih :
·     Binuka kanthi sowaning putra temanten sarimbit saking sasana busana, kepareng marak sowan lenggah wonten ing sasana rinengga, ingkang badhe kaleksanaaken kanthi tata upacara adat ingkang lumampah ing kukuban Pedukuhan Sanga, Karang ing mriki.
·     Purnaning tata upacara sowanipun pinanganten, badhe kasambet Waosan Kalamullah ingkang sampun kaserat ing Pustaka Suci Al-Qur’anul Karim.
·     Atur pambagya yuwana saking ingkang hamengku karsa tumunten badhe kaleksanan minangka titi laksana adicara ingkang angka tiga.
·     Ndungkap titi laksana tataran angka sekawan, lir gumanti pasrah saha panampining putra temanten dening para tetuwangga ingkang piniji.
·     Kasambet adicara ingkang angka gangsal, nun inggih Sabdatama, ingkang samangke badhe kasuwunaken wursita aji saking panjenenganipun Bapa “H” mligi kaparingaken dhateng putra penganten.
·     Wondene minangka pratandha paripurnaning pahargyan prasaja ing mangke hambok bilih badhe kapungkasi sak sampunipun wonten pratandha saking kulawarga minangka paran para.
Para rawuh kakung sumawana putri ingkang tansah kinurmatan, makaten menggah urut reroncening tata upacara pahargyan prasaja ing ri kalenggahan punika. Mila awit saking punika mugi wontena suka lilaning panggalih kasuwun para rawuh tansah lelenggahan kanthi mardu mardikaning panggalih sarwi paring puja hastawa puji hastuti saengga paripurnaning pahargyan prasaja ing hari kalenggahan punika. 
Para rawuh saha para lenggah, jumbuh kalian urut reroncening tata upacara ingkang ugi karana sampun paripurna risang pinanganten sarimbit anggenya hangadi salira mulas wadana, keparenging sedya sri atmaja temanten kekalih badhe hamarak sowan wonten ngarsa panjenengan sadaya lenggah wonten ing sasana rinengga. Wondene jengkaring temanten sarimbit saking sasana busana kakanthi panjenenganipun Ibu X ingkang sampun samekta ing gati, murih rahayuning sedya kasumanggakaken dhumateng para - para ingkang piniji.
Jengkaring temanten sarimbit saking sasana busana binarung ungeling gendhing ingkang jumbuh kaliyan suasana sowaning pinanganten. Nuwun sumangga.
===========
Para tamu kakung sumawana putri ingkang minulya, paripurna lampahing tata upacara sowaning risang penanganten, katitik putra kekalih sampun lenggah jajar kanthi kawistara suka rena kaampingi kekalih Bapa saha Ibunipun ing sasana rinengga. Suasana menika mracihnani bilih  laksitaning adicara sampun tinarbuka. Anamung murih lampahing adicara ing titi wanci menika wiwit purwa, madya dumugi wasananing pepanggihan tansah winantu ing karaharjan nir ing sambekala, eba saenipun ing ri kalenggahan punika kita tansah dhedhepe wonten Ngrasanipun Gusti Allah SWT kanthi sareng-sareng ngunjukkaken pandonga. Ingkeng menika, sumangga kita ndedonga kanthi nenuwun lan nyeyuwun wonten ngarsanipun Gusti Allah SWT karana maos lafal Basmallah, kula dherekaken. ….Bismillaahirrahmaanirrahiim.
Ndungkap adicara ingkang angka kalih, nun inggih Waosan Kalamullah, ingkang badhe kasarirani denening sedherek …………………… Anamung keparenga sak derengipun, kasuwun dhumateng sagung para lenggah mugi kepareng hamidhangetaken saha ngraosaken dumugi lebeting manah suraosing Kalam Ilahi minangka pandam saha pandom tumrap ummat manungsa, kanthi kesdu munggel pangandikan sawetawis. Sak dereng lan sak sampunipun kaaturaken agunging panuwun. Para lenggah kakung sumawana putri, adicara ingkang angka kalih nun inggih Waosan Kalam Ilahi kasumanggaaken dhumateng sedherek ……………. Sumangga.
===========
Paripurna waosan Kalam Ilahi, ingkang saestu ndadosaken tentreming manah kula lan panjenengan sedaya, sahengga hanambah ayom lan ayeming suwasana prahargyan prasaja ing ri kalenggahan punika.
Para rawuh ingkang tansah sinuba ing pakurmatan, tumapak titi laksana adicara ingkang angka tiga, atur pambagyaharja saking panjenenganipun Bapa A sekaliyan ingkang hamengku gati. Anamung, awit keparengipun Bapa A sekaliyan, atur pambagyaharja kasuwunaken dhateng sulih sariranipun, nun inggih Bapa “D”. Dhumateng Bapa “D” kula sumanggaaken, saha mugi kepareng Bapa A sekalian kasuwun lengser sawetawis saking palenggahan, saperlu jumeneng hanjjajari Bapa “D”. Sumangga.
===========
Sampun cetha lan terwaca atur pambagyaharja saking Bapa A sekaliyan ingkang lumantar Bapa “D”. Ingkang menika, minangkani kepareng saha panuwunipun Bapa A sekaliyan, titi laksitaning adicara badhe kasigeg sawetawis. Tumunten para putra badhe sowan hangaturaken boja krami katur dhumateng sagung para lenggah. Awit saking menika, kasuwun dhumateng para tamu kakung sumawana putri ingkang sampun kaaturan unjukan sarta lampiran, kasuwun tumunten hanyekecaaken ngunjuk saha ndhahar kanthi merdu merdikaning penggalih.
Para lenggah ingkang tansah kinurmatan, kangge ngregengaken suasana sarta pinangka sarana panglaras para lenggah anggenipun ngunjuk sarta dhahar, badhe kaaturaken pasugatan hiburan saking keluarga ageng Paguyuban Rebana Kembang Setaman saking Pedukuhan Sanga, Karang. Wondene lampahing wekdal sumene sawetawis kaaturaken dhumateng Bapa Wiji Naryana saha Bapa Sudarsa minangka pangesuhing Paguyuban Rebana Kembang Setaman.
Dhumateng para lenggah, kaaturaken sugeng midhangetaken, sugeng nglaras sinambi imbal wacana. Sumangga.
===========
Sagung para lenggah kakung sumawana putri ingkang tansah sinuba ing pakurmatan. Nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami, keparenga wekdal sumene kula suwun kinarya hanglajengaken lampahing adicara.
Tumapak ing titilaksana adicara ingkang angka sekawan, kasuwun paringipun tanggap sabda saking panjenenganipun Bapa B sekaliyan ingkang badhe dipunsalirani dening panjenenganipun Bapa “C” minangka talanging pangandika Bapa B sekaliyan. Dhumateng panjenenganipun Bapa “C” kula sumanggaaken, saha kasuwun keparenga Bapa B sekaliyan garwa angampingi jumenengipun Bapa “C” sadangunipun paring tanggap sabda. Sumangga.
===========
Saestu wijang wijiling pangandika panjenenganipun Bapa “C” minangka talanging basa Bapa B sekaliyan, gya tinampi panjenenganipun Bp “E”  minangka sulih sarira panjenenganipun Bp A sekaliyan. Ing wasana wekdal kasumanggakaken.
===========
Para pinisepuh saha para lenggah ingkang kinurmatan. Ndungkap adicara ingkang angka gangsal, paringipun wursitawara ingkang mirunggan kaparingaken dhateng putra pinanganten sarimbit lumeberipun dhumateng para lenggah. Sabdatama saha wursita aji kasuwunaken dhumateng panjenenganipun Bapa “H”. Wusana, wekdal sacekapipun kula aturaken. Sumangga.
===========
Awit namining sedaya keluarga, ngaturaken agunging panuwun dhumateng Bapa “H” ingkang sampun paring sabdatama dhumateng rising pinanganten sarimbit. Ing pangajab, sadaya pangandika sageta tinuladha dening putra pinanganten, sehengga putra kekalih anggennya gesang bebrayan tansaha manggih bagya mulya samenika dumugi sak lami-laminipun. Amin.
Para tamu kakung sumawana putri ingkang satuhu kinurmatan. Purnaning adicara sabdatama, tumunten wekdal badhe kasigeg lan kasumeneaken sawetawis, kinarya kangge paring wekdal dhumateng para putra ingkang badhe hangaturaken pasugatan saklajengipun katur para lenggah.
Wekdal sumene menika badhe kula aturaken dhumateng Bapa Wiji Naryana saha Bapa Sudarsa saperlu ngregengaken suwasana kanthi ungeling lelagon saking Paguyuban Rebana Kembang Setaman.
Dhumateng para lenggah, mugi kasekecakna angacarani ngunjuk saha dhahar sinambi midhangetaken pasugatan lelagon rebana Paguyuban Kembang Setaman. Sumangga.
===========
Wahyaning mangsakala wus ndungkap paripurnaning adicara, jumbuh kaliyan urut reroncening adicara: purwa, madya, wasana sampun kalampahan kaleksanakaken dening para kulawangsa, kanthi wilujeng kalis ing rubeda nir ing sambekala. Ingkang menika, minangka pratandha paripurnaning adicara, sumangga sareng-sareng kula dherekaken ngaturaken puja-puji syukur dhateng Gusti Ingkang Murbeng Dumados, inggih awit sedaya kamirahanipun sampun paring rahmat sahengga pahargyan prasaja menika tansah winantu karaharjan.
Minangka pratandha syukur, sumangga sareng-sareng maos lafal Hamdallah, kula dherekaken. …. Alhamdulillahirabbil’aalamiin.
Salajengipun kasuwun panjenenganipun Ibu X saha para ingkang piniji, keparenga hanjengkaraken putra temanten sarimbit saha Bapa ibu kekalihipun tumuju wiwaraning wisma pawiwahan, saperlu hanguntapaken konduring para tamu saha nyuwun tambahing berkah pangestu. Kanthi mekaten pratandha pawiwahan prasaja ing hari kalenggahan punika sampun paripurna, sinartan sesanti jaya2 wijayanti, mugi rahayuha ingkang samya ginayuh. Jengkaring putra temanten sarimbit binarung ungeling Ladrang Gleyong laras pelog pathet nem.
Paripurnaning pahargyan prasaja ing ri  kalenggahan punika, lumantar pangendhaliwara sepisan malih panjenenganipun Bapa A sekaliyan ngaturaken gunging panuwun saha hambok bilih anggenipun hanampi menggah rawuh panjenengan sami, wonten kuciwaning bojakrami, wonten aruh ingkang kirang wanuh, wonten lungguh ingkang kirang mungguh, mawantu-wantu ingkang hamengku gati nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami. Semanten ugi, kawula minangka pangendaliwara, hambok bilih wonten gunyak-gunyuking wicara miwah kiranging subasita ingkang singular ing reh tata krama, jenang sela wader pari sesonderan, apuranta menawi lepat atur kawula.
Wassalaamu’alaikum warahmatullaahi wabarakaatuhu.


PASRAH

            Assalamu'alaikum wr.wb.

            Nuwun, para pinisepuh, para sesepuh saha para aji sepuh ingkang dhahat kinurmatan, miwah sanggyaning para tamu para pilenggah ingkang minulyeng budi. Keparenga langkung rumiyin kula ngonjukaken puji syukur sahandhap pepadaning Gusti Ingkang Maha Agung, dene sampun paring kekiyatan saha kawilujengan dhumateng kula sakadang, saengga saged lumarab sowan wonten ngarsa panjenengan sedaya kanthi manggih wilujeng widada nir ing sambekala. Ingkang saking menika, kula ikroraken kanthi maos kalimah tahmid 'alhamdulillahirobbil'alamin'.
                        Panjenenganipun Bp ............................... ingkang jumeneng sulih sarira panjenenganipun Bp/Ibu ................................ ingkang tuhu kinurmatan. Kula pun ..................................... ingkang tinanggenah minangka talanging atur panjenenganipun Bp/Ibu ................................... nuwun inggih tiyang sepuhipun putra calon temanten kakung inggih Mas Bagus .................................... ingkang pidalem ing ......................................, keparenga matur wonten ngarsa panjenengan.
            Ingkang sepisan, ngaturaken salam taklimipun Bp/Ibu ...................................... gotrah kulawarga, mugi kaaturna panjenenganipun Bp/Ibu ................................... dalasan kulawarga, kula ikroraken kanthi atur “assalamu'alaikum wr.wb.”
            Kaping kalihipun, mirid rantamaning adicara ingkang sampun gumathok lan gumolong gilig ing antawisipun para ingkang samya mangun bebesanan, kula kinen amasrahaken putra calon pinanganten kakung nuwun inggih pun Mas Bagus .................................... ingkang sampun golong gilig ing gegelengan sumedya dhaup mangun bebrayan kaliyan ingkang putra putri Bp/Ibu ..................................... nuwun inggih pun Rara ................................... Ingkang menika sumangga nuwun, putra calon temanten kakung kula pasrahaken sakwetahipun, sumangga kaijabaken/kadhaupaken anut satataning tatacara ingkang lumampah ing ngriki, kinanthenan puja-puji pudyastuti, mugi tansah kalis ing rubeda, nir ing sambekala.       
            Minangka titining atur, kula sarombongan ingkang tinanggenah minangka dhuta, mbok bilih anggenipun sowan lan matur tanpa subasita lan tilar ing tata akrami, langkung-langkung atur kula ingkang cicir, cewet, cupet, lan kalucut, keparenga hangrentahaken samodraning pangaksami.

            Akhirulkalam, Billahittaufiq walhidayah, wassalamu'alaikum wr.wb.

 
TAMPI

            Assalamu'alaikum wr.wb.

            Nuwun, panjenenganipun para sesepuh, para pinisepuh miwah sanggyaning para rawuh para lenggah ingkang dhahat sinudarsana. Langkung-langkung panjenenganipun Bp .......................................... ingkang kepareng hamakili panjenenganipun Bp/Ibu ................................ saking .......................................... ingkang tuhu kinurmatan.            
            Kanthi ngonjukaken puji syukur dhumateng Gusti Ingkang Maha Agung, kula pun ....................................... ingkang tinanggenah minangka sulih salira panjenenganipun Bp/Ibu ........................................ keparenga tumanggap atur menggah paring pangandikan pasrah calon temanten kakung kalawau.
Ingkang sepisan, kula minangkani Bp/Ibu .................................... sakulawarga ngaturaken pambagya sugeng ing sarawuh panjenengan ingkang dinuta minangka Dhuta Saraya Pasrah nuwun inggih Bp ................................... sapendherek, sinartan raos syukur ing ngarsaning Gusti, awit dene sampun ngeparengaken kula lan panjenengan pepanggihan kanthi bagas kuwarasan.
Kaping kalihipun, menggah salam taklim Bp/Ibu ...................................... lumantar panjenengan sampun katampi, kanthi dhawah sami-sami, kula ikroraken kanthi atur “'alaika wa'alaikum salam wr.wb.”
Wondene menggah keplasing sedya panjenengan amasrahaken putra calon temanten kakung nuwun inggih Mas Bagus ................................. , Bp/Ibu ........................................... sakulawarga nampi kanthi suka gumbiraning manah, dene mbokbilih samudayanipun sampun satata samapta, calon temanten kekalih tumunten badhe kaijabaken / kadhaupaken anut satataning rad pradatan ingkang lumampah.
Mawantu-wantu panyuwunipun Bp/Ibu .......................................... gotrah kulawarga, mugi panjenengan sarombongan keparenga andumugekaken anggenipun lelenggahan ngantos paripurnaning adicara menika, saha kasuwun keparenga paring berkah donga pangestu dhumateng ijab / dhaupipun putra temanten kekalih, sumrambah ing samudayanipun.
Ing wasana, mbokbilih anggen kula matur, anggen kula nampi, mboten andadosaken sarjuning penggalih, keparenga hangegungaken ing pangaksami.

Akhirulkalam, Billahittaufiq walhidayah, wassalamu'alaikum wr.wb



ATUR PAMBAGYAHARJO
           
            Assalamu’alaikum Wr. Wb
            Panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh, para pinisepuh ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautaman, ingkang pantes pinundhi saha kinabekten, punapa dene panjenenganipun para tamu kakung semawana putrid ingkang dahat kalingga murdaning akrami.
            Kanthi pepayung budi rahayu saha hangunjukaken raos suka syukur dhumateng Gusti, “Mugi Rahayuha Sagung Dumadi”, tansah kajiwa lan kasalira dhumateng panjengan sadaya hangluberana dhumateng kawula.
            Amit pasang aliman tabik, mugi tinebihna ing iladuni myang tulak sarik, dene kawula cumanthaka marak mangarsa hanggempil kamardikan panjengan ingkang katemben wawan pangandikan, inggih awratipun hamestuti jejibahan luhur kul piniji minangka duta saraya sulih sarira saking panjenenganipun Bp…………………sekalihan.
            Penjenganipun Bp………..sekalihan garwa (ingkang mengku gati) ingkang pantes katuran sagunging pakurmatan, kula pinangka sulih sarira saking panjenganipun Bp…………..sekalihan, ingkang sepisan: ngaturaken salam taklim mugi katur wonten ngarsa panjengan, sumarambah para kaluwarga samudayanipun.
            Jangkep kaping kalih: ing nguni sampun wonten parembagan, ing antawisipun Bp…………….sekalihan, hanggadhahi putra kakung kekasih pun Bg…………..kaliyan Bp………………sekalihan garwa (ingkang mengku gati) hanggadhahi Kenya siwi sesilih Rr. ………………...Gumolonging pirembagan nedya hangraketaken balung pisah daging arenggang, bebasan ngebun-ebun enjang anjejawahsonten, ndhodhok latar ndhodhog lawang sumedyo nginang jambe suruhe, kanthi atur makaten karana sampun jumbuh anggenipun pepetangan, saha sampun manunggal cipta, rasa, miwah karsa, ingkang punika saking agenging manah penjenenganipun Bp………………sekalihan, anggenipun katampi panglamaripun pramila ing kalenggahan puniko ngaturaken sarana miwah upakarti pinangka jangkeping tatacara salaki rabi.
            Wondene ingkang badhe kaaturaken wonten ngarsanipun Bp. ……….. sekalihan garwa inggih punika;
            Sanggan saha majemuk ingkang sampun wonten wujudipun, kanthi pangajabing sedya dadosa sarana sahipun sesanggeman miwah raketing kekadangan, saenga mboten saged pisah salami-laminipun.
Kasoking katresnan Bp…………sekalihan dhumateng Bp………………sekalihan garwa, ing mriki badhe ngaturaken malih ageman ingkang awujud………………, ing pangajab pinangka agemanipun badhe/calon penganten putri.
            Mboten kekilapan Bp………………………..sekalihan ngaturaken redana wujudipun arta, kenginga damel ngentheng-enthengi anggenipun Bp…………sekalihan garwa (ingkang mengku gati) netepi darmaning sepuh hamiwaha putra mahargya siwi. Kajawi punika , panyuwunipun Bp……………..sekalihan, ing mbenjang manawi sampun dumugi titiwanci tumapaking gati, mugi calon penganten kaijabna saha kapanggihna anut satataning agami miwah adapt widhiwidana ingkang sampun lumampah wonten ing mriki.
            Minangka pungkasaning atur, hambok bilih Bp. …………sekalihan anggenipun ngaturaken sarana dalah upakarti wonten kakiranganipun, mawantu-wantu nyuwun agenging samodra pangaksami. Semanten ugi kula pinangka sulih sarira saking panjenganipun Bp………………..sekalihan, manawi wonten gonyak ganyuking wicara miwah kiranging suba sita ingkang singular ing reh tata krami, kawula nyuwun sihing samodra pangaksami.
            Akhirul kalam, billahi taifik wal hidayah,Wassalamu’alaikum Wr.Wb

1 komentar:

  1. mantep tenan gan... nguri uri kabudayan kuwi pancen tugasing kito

    BalasHapus

TOLONG BERI KOMENTAR ANDA, KRN KOMENTAR ANDA SANGAT BERHARGA BAGI SAYA