PAMBIWARA
Bismillahirrohmanirrohim
Assalamu ‘alaikum Wr. Wb,
Assalamu ‘alaikum Wr. Wb,
Alhamulillaahirabbil’aalamiin.
Alhamdulillaahilladzii hadaana lihaadzaa, wamaa kunnaa linahtadiyaa laulaa
anhadanallah. Asyhadu anlaailaaha illallahu wahdahulaa syariika lahu, wa
asyhadu anna Muhammadan ‘abduhuu warasuuluhu laa nabiyya ba’dah.
Dhumateng panjenenganipun para pepundhen, para
sesepuh pinisepuh ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautaman
ingkang pantes pinundhi.
Para pangemban pangembating praja satriyaning
negari minangka pandam pandoming para
kawula dasih ingkang sinuba ing
pakurmatan.
Para sarjana, para sujana sujananing budi
ingkang sampun wenang hanampi wahyuning kasutapan ingkang satuhu bagya mulya,
nun inggih brayat ageng baraya wira wiyata, baraya wira tamtama, para puma
karya labet praja ingkang mahambeg luhuring darma.
Para alim, para ulama ingkang rinten dalu
tansah sumandhing kitab suci wahyuning Ilahi minangka panuntun keblating
panembah ingkang satuhu luhuring budi.
Panjenenganipun para satya wredha, carana
madya, para tamu kakung sumawana putri ingkang pantes nampi pakurmatan satuhu
pantes lamunta sinudarsana.
Mradapa awit saking keparengipun Bp A sekalian
garwa, kula ingkang kapitedhan sinaraya hambuka wiwaraning suka pinangka
jejering pambiwara, keparenga hangaturaken urut reroncening tata upacara
ingkang sampun rinakit, rinancang dening para kulawangsa ingkang tartamtu
kewala kaeneraken wonten ing pawiwahan prasaja ing hari kalenggahan punika, nun
inggih panjenenganipun Bp A netebi darmaning asepuh hangrakit sekar
cepaka mulya, miwaha siwi mahargya suta. Kanthi raos panalangsa ingkang
hamengku karsa nyuwun wonten ngarsanipun Gusti ingkang appearing gesang, miwah
nyuwun donga pangestunipun para lenggah, mugi kaleksananing sedya ing hari
kalenggahan punika purwa madya wasana tansah pinaringan rahayu wilujeng tebih
ing sambekala.
Para rawuh saha para lenggah, sampun dumugi
wahyaning mangsa kala binukaning tata upacara. Nun inggih Bapa A sekaliyan
garwa, ing ri kalenggahan menika ngawontenaken pahargyan prasaja, kinarya
mawantu-wantu nyuwun pandonga saha pangestu para rawuh kakung sumawana putri
anggenipun Bapa A sekaliyan hanetepi dharmaning sepuh hangrakit sekar cepaka
mulya hamiwaha putra mahargya siwi, tetepa winengku ing suka basuki.
Caos uninga katur dhumateng para lenggah,
bilih titi laksana ijab qabul putra pinanganten, nun inggih Rara Ayu ……………….
Putra putrinipun Bapa A, ingkang kadhaupaken kaliyan Bagus …………… putra
kakungipun Bapa B ingkang lenggah wonten ing …….. (alamat tempat tinggal
Bapa B), sampun kaleksanan kanthi wilujeng nir ing rubeda, duk nalika
dinteng ……. wanci tabuh….. mapan ing ……………… (KUA atau rumah).
Para tamu kakung sumawana putri, wondene
menggah reroncening tata adicara ingkang sampun rinancang rinacik rinumpaka
dening para kulawangsa nun inggih :
· Binuka kanthi
sowaning putra temanten sarimbit saking sasana busana, kepareng marak
sowan lenggah wonten ing sasana rinengga, ingkang badhe kaleksanaaken kanthi
tata upacara adat ingkang lumampah ing kukuban Pedukuhan Sanga, Karang ing
mriki.
· Purnaning tata
upacara sowanipun pinanganten, badhe kasambet Waosan Kalamullah ingkang sampun
kaserat ing Pustaka Suci Al-Qur’anul Karim.
· Atur pambagya yuwana
saking ingkang hamengku karsa tumunten badhe kaleksanan minangka titi laksana
adicara ingkang angka tiga.
· Ndungkap titi
laksana tataran angka sekawan, lir gumanti pasrah saha panampining putra
temanten dening para tetuwangga ingkang piniji.
· Kasambet adicara
ingkang angka gangsal, nun inggih Sabdatama, ingkang samangke badhe kasuwunaken
wursita aji saking panjenenganipun Bapa “H” mligi kaparingaken dhateng putra
penganten.
· Wondene minangka
pratandha paripurnaning pahargyan prasaja ing mangke hambok bilih badhe
kapungkasi sak sampunipun wonten pratandha saking kulawarga minangka paran
para.
Para rawuh kakung sumawana putri ingkang
tansah kinurmatan, makaten menggah urut reroncening tata upacara pahargyan
prasaja ing ri kalenggahan punika. Mila awit saking punika mugi wontena suka
lilaning panggalih kasuwun para rawuh tansah lelenggahan kanthi mardu
mardikaning panggalih sarwi paring puja hastawa puji hastuti saengga
paripurnaning pahargyan prasaja ing hari kalenggahan punika.
Para rawuh saha para lenggah, jumbuh kalian
urut reroncening tata upacara ingkang ugi karana sampun paripurna risang
pinanganten sarimbit anggenya hangadi salira mulas wadana, keparenging sedya
sri atmaja temanten kekalih badhe hamarak sowan wonten ngarsa panjenengan
sadaya lenggah wonten ing sasana rinengga. Wondene jengkaring temanten sarimbit
saking sasana busana kakanthi panjenenganipun Ibu X ingkang sampun samekta
ing gati, murih rahayuning sedya kasumanggakaken dhumateng para - para ingkang
piniji.
Jengkaring temanten sarimbit saking sasana
busana binarung ungeling gendhing ingkang jumbuh kaliyan suasana sowaning
pinanganten. Nuwun sumangga.
===========
Para tamu kakung sumawana putri ingkang
minulya, paripurna lampahing tata upacara sowaning risang penanganten, katitik
putra kekalih sampun lenggah jajar kanthi kawistara suka rena kaampingi kekalih
Bapa saha Ibunipun ing sasana rinengga. Suasana menika mracihnani bilih
laksitaning adicara sampun tinarbuka. Anamung murih lampahing adicara ing
titi wanci menika wiwit purwa, madya dumugi wasananing pepanggihan tansah
winantu ing karaharjan nir ing sambekala, eba saenipun ing ri kalenggahan
punika kita tansah dhedhepe wonten Ngrasanipun Gusti Allah SWT kanthi
sareng-sareng ngunjukkaken pandonga. Ingkeng menika, sumangga kita ndedonga
kanthi nenuwun lan nyeyuwun wonten ngarsanipun Gusti Allah SWT karana maos
lafal Basmallah, kula dherekaken. ….Bismillaahirrahmaanirrahiim.
Ndungkap adicara ingkang angka kalih, nun
inggih Waosan Kalamullah, ingkang badhe kasarirani denening sedherek ……………………
Anamung keparenga sak derengipun, kasuwun dhumateng sagung para lenggah mugi
kepareng hamidhangetaken saha ngraosaken dumugi lebeting manah suraosing Kalam
Ilahi minangka pandam saha pandom tumrap ummat manungsa, kanthi kesdu munggel
pangandikan sawetawis. Sak dereng lan sak sampunipun kaaturaken agunging panuwun.
Para lenggah kakung sumawana putri, adicara ingkang angka kalih nun inggih
Waosan Kalam Ilahi kasumanggaaken dhumateng sedherek ……………. Sumangga.
===========
Paripurna waosan Kalam Ilahi, ingkang saestu
ndadosaken tentreming manah kula lan panjenengan sedaya, sahengga hanambah ayom
lan ayeming suwasana prahargyan prasaja ing ri kalenggahan punika.
Para rawuh ingkang tansah sinuba ing
pakurmatan, tumapak titi laksana adicara ingkang angka tiga, atur pambagyaharja
saking panjenenganipun Bapa A sekaliyan ingkang hamengku gati. Anamung, awit
keparengipun Bapa A sekaliyan, atur pambagyaharja kasuwunaken dhateng sulih
sariranipun, nun inggih Bapa “D”. Dhumateng Bapa “D” kula sumanggaaken, saha
mugi kepareng Bapa A sekalian kasuwun lengser sawetawis saking palenggahan,
saperlu jumeneng hanjjajari Bapa “D”. Sumangga.
===========
Sampun cetha lan terwaca atur pambagyaharja
saking Bapa A sekaliyan ingkang lumantar Bapa “D”. Ingkang menika, minangkani
kepareng saha panuwunipun Bapa A sekaliyan, titi laksitaning adicara badhe
kasigeg sawetawis. Tumunten para putra badhe sowan hangaturaken boja krami
katur dhumateng sagung para lenggah. Awit saking menika, kasuwun dhumateng para
tamu kakung sumawana putri ingkang sampun kaaturan unjukan sarta lampiran,
kasuwun tumunten hanyekecaaken ngunjuk saha ndhahar kanthi merdu merdikaning
penggalih.
Para lenggah ingkang tansah kinurmatan, kangge
ngregengaken suasana sarta pinangka sarana panglaras para lenggah anggenipun
ngunjuk sarta dhahar, badhe kaaturaken pasugatan hiburan saking keluarga ageng
Paguyuban Rebana Kembang Setaman saking Pedukuhan Sanga, Karang. Wondene
lampahing wekdal sumene sawetawis kaaturaken dhumateng Bapa Wiji Naryana saha
Bapa Sudarsa minangka pangesuhing Paguyuban Rebana Kembang Setaman.
Dhumateng para lenggah, kaaturaken sugeng
midhangetaken, sugeng nglaras sinambi imbal wacana. Sumangga.
===========
Sagung para lenggah kakung sumawana putri
ingkang tansah sinuba ing pakurmatan. Nyuwun lumunturing sih samodra
pangaksami, keparenga wekdal sumene kula suwun kinarya hanglajengaken lampahing
adicara.
Tumapak ing titilaksana adicara ingkang angka
sekawan, kasuwun paringipun tanggap sabda saking panjenenganipun Bapa B
sekaliyan ingkang badhe dipunsalirani dening panjenenganipun Bapa “C” minangka
talanging pangandika Bapa B sekaliyan. Dhumateng panjenenganipun Bapa “C” kula
sumanggaaken, saha kasuwun keparenga Bapa B sekaliyan garwa angampingi
jumenengipun Bapa “C” sadangunipun paring tanggap sabda. Sumangga.
===========
Saestu wijang wijiling pangandika panjenenganipun
Bapa “C” minangka talanging basa Bapa B sekaliyan, gya tinampi panjenenganipun
Bp “E” minangka sulih sarira panjenenganipun Bp A sekaliyan. Ing wasana
wekdal kasumanggakaken.
===========
Para pinisepuh saha para lenggah ingkang
kinurmatan. Ndungkap adicara ingkang angka gangsal, paringipun wursitawara
ingkang mirunggan kaparingaken dhateng putra pinanganten sarimbit lumeberipun
dhumateng para lenggah. Sabdatama saha wursita aji kasuwunaken dhumateng
panjenenganipun Bapa “H”. Wusana, wekdal sacekapipun kula aturaken. Sumangga.
===========
Awit namining sedaya keluarga, ngaturaken
agunging panuwun dhumateng Bapa “H” ingkang sampun paring sabdatama dhumateng
rising pinanganten sarimbit. Ing pangajab, sadaya pangandika sageta tinuladha
dening putra pinanganten, sehengga putra kekalih anggennya gesang bebrayan
tansaha manggih bagya mulya samenika dumugi sak lami-laminipun. Amin.
Para tamu kakung sumawana putri ingkang satuhu
kinurmatan. Purnaning adicara sabdatama, tumunten wekdal badhe kasigeg lan
kasumeneaken sawetawis, kinarya kangge paring wekdal dhumateng para putra
ingkang badhe hangaturaken pasugatan saklajengipun katur para lenggah.
Wekdal sumene menika badhe kula aturaken
dhumateng Bapa Wiji Naryana saha Bapa Sudarsa saperlu ngregengaken suwasana kanthi
ungeling lelagon saking Paguyuban Rebana Kembang Setaman.
Dhumateng para lenggah, mugi kasekecakna
angacarani ngunjuk saha dhahar sinambi midhangetaken pasugatan lelagon rebana
Paguyuban Kembang Setaman. Sumangga.
===========
Wahyaning mangsakala wus ndungkap
paripurnaning adicara, jumbuh kaliyan urut reroncening adicara: purwa, madya,
wasana sampun kalampahan kaleksanakaken dening para kulawangsa, kanthi wilujeng
kalis ing rubeda nir ing sambekala. Ingkang menika, minangka pratandha
paripurnaning adicara, sumangga sareng-sareng kula dherekaken ngaturaken
puja-puji syukur dhateng Gusti Ingkang Murbeng Dumados, inggih awit sedaya
kamirahanipun sampun paring rahmat sahengga pahargyan prasaja menika tansah
winantu karaharjan.
Minangka pratandha syukur, sumangga
sareng-sareng maos lafal Hamdallah, kula dherekaken. ….
Alhamdulillahirabbil’aalamiin.
Salajengipun kasuwun panjenenganipun Ibu X
saha para ingkang piniji, keparenga hanjengkaraken putra temanten sarimbit saha
Bapa ibu kekalihipun tumuju wiwaraning wisma pawiwahan, saperlu hanguntapaken
konduring para tamu saha nyuwun tambahing berkah pangestu. Kanthi mekaten
pratandha pawiwahan prasaja ing hari kalenggahan punika sampun paripurna,
sinartan sesanti jaya2 wijayanti, mugi rahayuha ingkang samya ginayuh.
Jengkaring putra temanten sarimbit binarung ungeling Ladrang Gleyong laras
pelog pathet nem.
Paripurnaning pahargyan prasaja ing ri
kalenggahan punika, lumantar pangendhaliwara sepisan malih
panjenenganipun Bapa A sekaliyan ngaturaken gunging panuwun saha hambok bilih
anggenipun hanampi menggah rawuh panjenengan sami, wonten kuciwaning bojakrami,
wonten aruh ingkang kirang wanuh, wonten lungguh ingkang kirang mungguh,
mawantu-wantu ingkang hamengku gati nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami.
Semanten ugi, kawula minangka pangendaliwara, hambok bilih wonten
gunyak-gunyuking wicara miwah kiranging subasita ingkang singular ing reh tata
krama, jenang sela wader pari sesonderan, apuranta menawi lepat atur kawula.
Wassalaamu’alaikum warahmatullaahi
wabarakaatuhu.
PASRAH
Assalamu'alaikum wr.wb.
Nuwun, para pinisepuh, para sesepuh
saha para aji sepuh ingkang dhahat kinurmatan, miwah sanggyaning para tamu para
pilenggah ingkang minulyeng budi. Keparenga langkung rumiyin kula ngonjukaken
puji syukur sahandhap pepadaning Gusti Ingkang Maha Agung, dene sampun paring
kekiyatan saha kawilujengan dhumateng kula sakadang, saengga saged lumarab
sowan wonten ngarsa panjenengan sedaya kanthi manggih wilujeng widada nir ing
sambekala. Ingkang saking menika, kula ikroraken kanthi maos kalimah tahmid
'alhamdulillahirobbil'alamin'.
Panjenenganipun Bp ...............................
ingkang jumeneng sulih sarira panjenenganipun Bp/Ibu
................................ ingkang tuhu kinurmatan. Kula pun
..................................... ingkang tinanggenah minangka talanging
atur panjenenganipun Bp/Ibu ................................... nuwun inggih
tiyang sepuhipun putra calon temanten kakung inggih Mas Bagus
.................................... ingkang pidalem ing
......................................, keparenga matur wonten ngarsa
panjenengan.
Ingkang sepisan, ngaturaken salam
taklimipun Bp/Ibu ...................................... gotrah kulawarga, mugi
kaaturna panjenenganipun Bp/Ibu ................................... dalasan
kulawarga, kula ikroraken kanthi atur “assalamu'alaikum wr.wb.”
Kaping kalihipun, mirid rantamaning
adicara ingkang sampun gumathok lan gumolong gilig ing antawisipun para ingkang
samya mangun bebesanan, kula kinen amasrahaken putra calon pinanganten kakung
nuwun inggih pun Mas Bagus .................................... ingkang sampun
golong gilig ing gegelengan sumedya dhaup mangun bebrayan kaliyan ingkang putra
putri Bp/Ibu ..................................... nuwun inggih pun Rara
................................... Ingkang menika sumangga nuwun, putra calon
temanten kakung kula pasrahaken sakwetahipun, sumangga kaijabaken/kadhaupaken
anut satataning tatacara ingkang lumampah ing ngriki, kinanthenan puja-puji
pudyastuti, mugi tansah kalis ing rubeda, nir ing sambekala.
Minangka titining atur, kula
sarombongan ingkang tinanggenah minangka dhuta, mbok bilih anggenipun sowan lan
matur tanpa subasita lan tilar ing tata akrami, langkung-langkung atur kula
ingkang cicir, cewet, cupet, lan kalucut, keparenga hangrentahaken samodraning
pangaksami.
Akhirulkalam, Billahittaufiq
walhidayah, wassalamu'alaikum wr.wb.
Assalamu'alaikum wr.wb.
Nuwun, panjenenganipun para sesepuh,
para pinisepuh miwah sanggyaning para rawuh para lenggah ingkang dhahat
sinudarsana. Langkung-langkung panjenenganipun Bp
.......................................... ingkang kepareng hamakili
panjenenganipun Bp/Ibu ................................ saking
.......................................... ingkang tuhu kinurmatan.
Kanthi ngonjukaken puji syukur
dhumateng Gusti Ingkang Maha Agung, kula pun
....................................... ingkang tinanggenah minangka sulih
salira panjenenganipun Bp/Ibu ........................................
keparenga tumanggap atur menggah paring pangandikan pasrah calon temanten
kakung kalawau.
Ingkang sepisan, kula
minangkani Bp/Ibu .................................... sakulawarga ngaturaken
pambagya sugeng ing sarawuh panjenengan ingkang dinuta minangka Dhuta Saraya
Pasrah nuwun inggih Bp ................................... sapendherek,
sinartan raos syukur ing ngarsaning Gusti, awit dene sampun ngeparengaken kula
lan panjenengan pepanggihan kanthi bagas kuwarasan.
Kaping kalihipun,
menggah salam taklim Bp/Ibu ...................................... lumantar
panjenengan sampun katampi, kanthi dhawah sami-sami, kula ikroraken kanthi atur
“'alaika wa'alaikum salam wr.wb.”
Wondene menggah keplasing
sedya panjenengan amasrahaken putra calon temanten kakung nuwun inggih Mas
Bagus ................................. , Bp/Ibu
........................................... sakulawarga nampi kanthi suka
gumbiraning manah, dene mbokbilih samudayanipun sampun satata samapta, calon
temanten kekalih tumunten badhe kaijabaken / kadhaupaken anut satataning rad
pradatan ingkang lumampah.
Mawantu-wantu
panyuwunipun Bp/Ibu .......................................... gotrah
kulawarga, mugi panjenengan sarombongan keparenga andumugekaken anggenipun
lelenggahan ngantos paripurnaning adicara menika, saha kasuwun keparenga paring
berkah donga pangestu dhumateng ijab / dhaupipun putra temanten kekalih,
sumrambah ing samudayanipun.
Ing wasana, mbokbilih
anggen kula matur, anggen kula nampi, mboten andadosaken sarjuning penggalih,
keparenga hangegungaken ing pangaksami.
Akhirulkalam,
Billahittaufiq walhidayah, wassalamu'alaikum wr.wb
ATUR PAMBAGYAHARJO
Assalamu’alaikum
Wr. Wb
Panjenenganipun
para pepundhen, para sesepuh, para pinisepuh ingkang hanggung mastuti dhumateng
pepoyaning kautaman, ingkang pantes pinundhi saha kinabekten, punapa dene
panjenenganipun para tamu kakung semawana putrid ingkang dahat kalingga
murdaning akrami.
Kanthi pepayung
budi rahayu saha hangunjukaken raos suka syukur dhumateng Gusti, “Mugi Rahayuha
Sagung Dumadi”, tansah kajiwa lan kasalira dhumateng panjengan sadaya
hangluberana dhumateng kawula.
Amit pasang
aliman tabik, mugi tinebihna ing iladuni myang tulak sarik, dene kawula
cumanthaka marak mangarsa hanggempil kamardikan panjengan ingkang katemben
wawan pangandikan, inggih awratipun hamestuti jejibahan luhur kul piniji
minangka duta saraya sulih sarira saking panjenenganipun Bp…………………sekalihan.
Penjenganipun
Bp………..sekalihan garwa (ingkang mengku gati) ingkang pantes katuran sagunging
pakurmatan, kula pinangka sulih sarira saking panjenganipun Bp…………..sekalihan,
ingkang sepisan: ngaturaken salam taklim mugi katur wonten ngarsa panjengan,
sumarambah para kaluwarga samudayanipun.
Jangkep
kaping kalih: ing nguni sampun wonten parembagan, ing antawisipun
Bp…………….sekalihan, hanggadhahi putra kakung kekasih pun Bg…………..kaliyan
Bp………………sekalihan garwa (ingkang mengku gati) hanggadhahi Kenya siwi sesilih
Rr. ………………...Gumolonging pirembagan nedya hangraketaken balung pisah daging
arenggang, bebasan ngebun-ebun enjang anjejawahsonten, ndhodhok latar ndhodhog
lawang sumedyo nginang jambe suruhe, kanthi atur makaten karana sampun jumbuh
anggenipun pepetangan, saha sampun manunggal cipta, rasa, miwah karsa, ingkang
punika saking agenging manah penjenenganipun Bp………………sekalihan, anggenipun
katampi panglamaripun pramila ing kalenggahan puniko ngaturaken sarana miwah
upakarti pinangka jangkeping tatacara salaki rabi.
Wondene ingkang
badhe kaaturaken wonten ngarsanipun Bp. ……….. sekalihan garwa inggih punika;
Sanggan
saha majemuk ingkang sampun wonten wujudipun, kanthi pangajabing sedya dadosa
sarana sahipun sesanggeman miwah raketing kekadangan, saenga mboten saged pisah
salami-laminipun.
Kasoking katresnan Bp…………sekalihan dhumateng Bp………………sekalihan garwa, ing mriki badhe ngaturaken malih ageman ingkang awujud………………, ing pangajab pinangka agemanipun badhe/calon penganten putri.
Kasoking katresnan Bp…………sekalihan dhumateng Bp………………sekalihan garwa, ing mriki badhe ngaturaken malih ageman ingkang awujud………………, ing pangajab pinangka agemanipun badhe/calon penganten putri.
Mboten
kekilapan Bp………………………..sekalihan ngaturaken redana wujudipun arta, kenginga
damel ngentheng-enthengi anggenipun Bp…………sekalihan garwa (ingkang mengku gati)
netepi darmaning sepuh hamiwaha putra mahargya siwi. Kajawi punika ,
panyuwunipun Bp……………..sekalihan, ing mbenjang manawi sampun dumugi titiwanci
tumapaking gati, mugi calon penganten kaijabna saha kapanggihna anut satataning
agami miwah adapt widhiwidana ingkang sampun lumampah wonten ing mriki.
Minangka
pungkasaning atur, hambok bilih Bp. …………sekalihan anggenipun ngaturaken sarana
dalah upakarti wonten kakiranganipun, mawantu-wantu nyuwun agenging samodra
pangaksami. Semanten ugi kula pinangka sulih sarira saking panjenganipun
Bp………………..sekalihan, manawi wonten gonyak ganyuking wicara miwah kiranging suba
sita ingkang singular ing reh tata krami, kawula nyuwun sihing samodra
pangaksami.
Akhirul
kalam, billahi taifik wal hidayah,Wassalamu’alaikum Wr.Wb
mantep tenan gan... nguri uri kabudayan kuwi pancen tugasing kito
BalasHapus